Tembung entar

TEMBUNG ENTAR


1. Abang kupinge artine kesinggung/nyewot
2. Ngabangaken kuping artine gawe sewot
3. Abang-abang lambe artine pura-pura/ beli temenan
4. Abang raine artine nandang isin/wirang
5. Adol ayu artine mameraken ayune
6. Adol bagus artine mameraken baguse
7. Adel keringet artine kerja keras
8. Adol omong artine akeh omong beli ana buktine
9. Adus getih artine akeh jasane/sing akeh kerjaane
10. Ala arane artine beli bisa dipercaya
11. Amba segara artine gampang ngupai pangapura
12. Ala tembunge artine kasar
13. Alus tembunge artine enak dirongokaken
14. Atine ana wulune artine atine ala/dengki/srei
15. Keciprata ana/blesak artine dadi melu blesak
16. Cilik atine artine wedian/kecing/jejerih
17. Pecah nalare artine wis bisa mikir
18. Tipis lambene artine doyan ngomongaken uwong
19. Landep dengkule artine bodo
20. Padang langite artine lagi seneng
21. Cindek umure artine gelis mati
22. Sepi ning pamrih artine beli duwe pamrih
23. Weteng karet artine beli wareg-wareg
24. Rai pager artine beli duwe isin
25. Utang wirang artine tau gawe wirange wong sejen

Komentar